Standart Kompetensi
Kompetensi Dasar
·
Maos cariyos
kanthi lancar
·
Mangertosi
cariyos jawa
Cerita Wayang Karno Tanding
Monggooo disimak........
.
Dicritakake
ndisik ana putri kang ayu , sing jenenge Dewi Kunthi. Dewi Kunthi nikah
karo Prabu Kumojoyo lan urip ing desa kerajaan sing jenenge “Pandhawa”.
Dheweke dikaruniai anak sing jenenge, KARNA . Sakwise Pirang tahun Dewi Kunthi
nduwe anak meneh sing dijenengake ARJUNA. Dewi Kunthi sayang banget
marang Arjuna , ndelok kabeh iku Karna ngarasa awake gak
diperhatekne marang ibune, Karna sampek nguncali watu marang ibune, Dewi Kunthi
utawa ibune iku langsung nesu marang Karna, tanpa gak sadar Dewi Kunthi ngomong
kang sing gak apik marang Karna sing nyebabake Karna lara ati.Akhire Karna
milih ngaleh saka Kerajaan Pandhawa.Sak wise pirang-pirang tahun Karna
kalungonan Karna saka kerajaan, ibune mesti nggoleki lan nangisi karna. Ing
sawiding dina , pasa ibune mikirne Karna lan njaluk marang para dewa ngge
nemokake dheweke karo Karna. Ora suwene wektu , kakrungu swara bocah enom suarane
kaya Karna.
Ing istana Karna ketemu ibune,
nanging maksud mbalike Karna ing kerajaan uduk kangge ketemu kaluarga lan
dulure. Nanging maksude Karna yaiku kangge ngerti keadaan ibune lan karna
njaluk restu kangge dadi Ksatria perang. Ibune ora ngrestuake amergo yen dadi
Ksatria perang podo karo Karna nglawan adi adine dhewe. Karna ora nggagas , lan
dheweke langsung lunga ninggalake ibune kang nangis amerga kaputusan Karna.
Akhire , peperangan antara Arjuna saka
kesatrian Madukoro dadi Ksatria perang Negara Amarta melawan Adipati
Basukarno utawa Karna saka Awonggo dadi Ksatria perang Negara Astina.
Prabu Salyo lan Sengkuri nduwe rencana arep mateni Abimanyu, salah siji anak
saka Arjuna, Amergo pihak Astina kaweruh Kerajaan Amarta arep
diturunake marang Abimanyu, amerga kuwi sasaran utamane yaiku mateni Abimanyu.
Pas wektune perang, Abimanyu wis okeh katusuk anak
panah, nanging Abimanyu tetep nahan sampek mati . Sak wise, Mase Semar nemokake
mayit Abimanyu sing kagletak kaku. Mase Semar karo Kresna yaiku kakak Arjuna
bingung mikirake Kerajaan Amarta. Arjuna sing durung ngerti katiwasan putrane
terus nyusun rencana kangge mbinasakake Ngastina. Sak wise ngerti katiwasan
putrane, Arjuna langsung maju kadewean kanggo nglawan Prajurit Ngastina. Kurawa
ngrasa senang, amergo biso mateni Abimanyu. Nanging tanpa diweruhi, Abimanyu
ndue garwa sing lagi mbobot, lan mengkone anak iku sing ngantikake Abimanyu.
Karna nantang Arjuna kangge ndang perang.
Nanging Arjuna menolak, amergo dheweke ngerti Karna iku sadulur kandunge dhewe.
Karna ngongkon Arjuna njupuk senjatane. Nanging Arjuna nolak ngge perang.
Akhire atine Karna luluh, terus Karna lan Arjuna saling kapelukan. Karna
sadar Arjuna iku adik siji-sijine sing didhuweni. Ibune weruh lan ngrasa
seneng.
Nanging Karna nguculake pelukanne, lan nuduh Arjuna
sekongkol arep menusuk dheweke saka mburi. Akhire Karno lan Arjuna berkelahi
hebat , ibune menangis ngaharep kaloro putrane iku mandekake kagelutan iku.
Akhire Arjuna terjatuh. Arjuna sengaja ngalah demi Ibune, lan ngaharep atine
Karna bisa luluh. Kaweruhan kuwi Kurowo ngguyu cekakakan amergo Arjuno
kalah.
Nanging kagelutan iku tetep sido, Sampek - sampek saya
memanas. Wektu peperangan kalakon hebate ana keanehan loro ksatria sing pinter
manah iku pada-pada ngetokake akeh anak panah nanging ora enek siji wae sing
ngenei kaloro-lorone. Kadang mandek terus pada pepandang, pada netesake banyu
mata. Prabu Salyo(Kusir Karna) lan Prabu Kresno (Kusir Arjuna)kalorone ngerti,
kaloro-lorone putra Dewi Kunthi iku ora saling tega mateni sampek ngloroni
sitik wae dadi ora enek sitokae panah pas sasaran.
Wektu sesino pada saling tempur, saling ngetokake
senjata saktine, saling ngudanke panah nanging ora enek sitokwae sing ngeneki
awak. Prabu Kresno dadi kusir Arjuno lan botohe Amarta (Pandawa) ngerti persis
senjata Pasopati sing dipasang ing gandewa Arjuno. Dadi Tali kusir jaran
disentak dadi jaran gerak mangarep pas wektu Pasopati wucul saka gandewa sing
awale diarahke mung ning ngarep Karno nanging amergo kereta gerak mangarep dadi
Senjata Sakti Pasopati pas ngeneki gulu Adipati Basukarno utawa Karna. Anak
Dewa Surya iku mencelat kenek kereta sampek kereta ajur. Kaweruhan
kabehiku Dewi Kunthi utawa ibune Karno lan Arjuna, ngerti yen anake kang
pertama iku kabener lunga kanggo salawase.
0 komentar:
Posting Komentar